SOAL-SOAL LATIHAN BAHASA JAWA SMP KELAS 7
SEMSETER GASAL TAHUN AJARAN 2012-2013
Patih Gajah Mada
Ing kraton Majapahit nalika kang ngasta pusaraning adil Prabu Hayam Wuruk, kanti patih kang moncer yaiku patih Gajah Mada ingkang sakti mandraguna. Bisa diarani negara kang panjang punjung, pasir wukir, gemah ripah lohjinawi tata tentrem kerta raharja. Kanti prasetyane Sumpah palapa dening Gajah Mada, yaiku tekade bekti marang kerajaan kanthi kapingin nyawijikake nuswantara. Kanthi tekad mau akhire Majapahit kasil dadi kerajaan kang moncer ing nuswantara ing mangsane. Kanti swasana kang mengkana dadekake rakyate urip kanthi ayem tentrem.

1. Miturut wacan ing dhuwur, Majapahit dadi kerajaan kang moncer ing nuswantara, salah sawijine amarga ana mahapatih yaiku….
a. Hayam wuruk
b. Gajah Mada
c. GajahBiru
d. Logender

2. Majapahit dadi salah sawijineng kerajaan kang gemah ripah lohjinawi, kang duweni teges yaiku….
a. Ayem tentrem
b. Misuwur
c. Subur makmur
d. Kerta raharja

3. Dadi kerajaan kang kerta raharja majapahit nalika semana. Tegese kerta raharja yaiku kerajaan kang….
a. Maju
b. Aman tentrem
c. Disungkani Negara liya
d. Jembar wewengkone

4. Kepriye kahanane para kawula ing Majapahit nalika sing ngasta pusaraning adil Prabu Hayam Wuruk?
a. Akeh kawula sing colong gepuk
b. Akeh kawula kang tumindak candhala
c. Para kawula tentrem atine
d. Para kawula ora tentrem atine

5. Tegese tembung moncer ing wacana kasebut yaiku ….
a. Kondhang
b. Aman
c. Tentrem
d. Ayem

6. Tegese ngasta pusarane adil kaya ing wacana kasebut yaiku….
a. Sing dadi raja
b. Sing dadi patih
c. Sing nglakoni
d. Sing dumadi

7. Apa sing dadi prasetyane Gajah Mada gawe nyawijekake nuswantara ….
a. Sumpah saiya Maja
b. Sumpah palapa
c. Sumpah bekti raja
d. Sumpah ing lathi

8. Tegese tembung prasetyane ing wacan duweni teges podho karo ….
a. Dharma bektine
b. Janjine
c. Lelabuhane
d. Sakarepe

9. Tegese tembung nyawijekaje ing wacana, duweni ateges kang pada kaya ing ngisor iki kajaba….
a. Dhadekake siji
b. Kawentar
c. Minulya
d. Misuwur

10. Apa bedane ariwarti lan kalawarti ing sakjeroning kabar berita….
a. Ariwarti terbit mung kala mangsa, kalawarti saben dina
b. Ariwarti terbit saben minggu pisan, kalawarti saben dina
c. Ariwarti terbit sewulan sepisan, kalawarti saben dina
d. Ariwarti terbit saben dina, kalawarti terbit ing wektu tertemtu

R. A Kartini
(Kapethik saka PS. No.16-17, 17 lan 24 April 2011, kaca 8 lan 44)

Angger mlebu wulan April mligine tanggal 21, kita tansah dielingake karo asma R.A Kartini. Asma mau dikenal minangka Pahlawan Nasional, kawentar kanthi pahlawan emansipasi. Dene tanggal 21 April iku dina kelairane. Sabanjure kanggo atur pakurmatan marang panjenengane, dening pemerintah tanggal 21 April tansah dipengeti minangka “Hari Kartini”. Ora nggumunake yen sabanjure warga masyarakat ngadani Kartinian kanthi nggelar maneka warna kegiyatan.
Pahlawan Nasional RA Kartini sing miyos ing Desa Mayong, Jepara, 21 April 1879, seda sawetara dina sawise nglairake putrane RM Soesalit. Putrane mau sing sapisanan uga sing pungkasan, lair 13 September 1904. Bupati Rembnag kaping-6, KRMAA Singgih Djojo Adiningrat mujudake garwane RA Kartini.
Dadi RA Kartini surut ing kasedan jati nalika yuswane udakara 25 taun. Seda tanggal 17 September 1904, terus disarekake ing pasarean kulawarga ana Rembang. Persise, ing Desa Bulu, Kecamatan Bulu, udakara 22 kilometer sakidule kutha Rembang, Jawa Tengah. Panggonane ing pasarean kulawarga Bupati Rembang KRMAA Singgih Djojo Adiningrat, kang mapan ana gunung.
Sejatine RA Kartini isih turune ngaluhur. Padinane urip ing kulawarga kang sarwa kecukupan kena ingaran trahing “bangsawan”. Nanging “kebangsawanan” kang ana ing kulawargane ora duweni daya pengaruh tumrap jiwane. Ing kalbune RA Kartini wus thukul ngrembuyung rasa tresnane marang rakyat utawa wong-wong cilik.
RA Kartini mratelakake yen bangsawan iku cacahe ana loro. Siji Bangsawan pikiran, lan loro Bangsawan Budi. Sabanjure RA Kartini duwe panemu yen Bangsawan lan Bebuden iku mujudake tetembungan kang ora adoh werdine. Senajan mangkono RA Kartini luwih ngregani wong luhur budine, mulya atine, tinimbang wong kang tansah kamanungsan merga saka kebangsaane.
Pilihen salah siji jawaban sing bener !

11. Kapan dipengeti “Hari Kartini” iku?
a. saben tanggal 20 April
b. saben tanggal 21 April
c. saben tanggal 2 Mei
d. Saben tanggal 20 Mei
12. Kapan wafate RA Kartini ?
a. tanggal 21 April 1879
b. tanggal 13 September 1904
c. tanggal 17 September 1904
d. tanggal 22 September 1904

13. Garwane RA Kartini iki mujudake Bupati Rembang sing kaping pira?
a. kaping siji
b. kaping telu
c. kaping lima
d. kaping enem
14. Papan panggonan laire RA kartini iku ana ing endhi?
a. Desa Mayong Jepara
b. Desa Jepara, Mayong
c. Desa Mayong, Rembang
d. Desa Rembang, Mayong

15. RA Kartini mratelakake yen bangsawan iku cacahe ana loro, yaiku. . .
a. Bangsawan cilik, lan Bangsawan gedhe
b. Bangsawan priyayi lan Bangsawan rakyat
c. Bangsawan pikiran lan Bangsawan budi
d. Bangsawan ngaluhur lan Bangsawan wong alit
16. Babagan bangsawan, mungguhe RA Kartini kepriye?
a. Ngregani wong luhur budine, timbang wong kamanungsan kebangsawanane
b. Ngregani wong mulya atine, timbang wong kamanungsan kebangsawanane
c. Ngregani kebangsawanane tinimbang wong sing luhur budi/ mulya atine
d. Wangsulan a lan b bener

17. Tembung-tembung sing durung owah saka asale lan bisa madeg dhewe diarani tembung ….
a. Andhahan
b. Lingga
c. Entar
d. Saroja

18. Tembung-tembung sing wis owah saka asale, jalaran oleh wuwuhan, pangrangkep, wancahan lan kacambor diarani tembung….
a. Lingga
b. Dwilingga
c. Kriya andhahan
d. Andhahan

19. Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung andhahan, kajaba….
a. Dakpangan
b. Kokgawa
c. Disuwek
d. Lungguh

20. Pangrimbage tembung andhahan kang karana karangkep kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
a. Dwipurwa
b. Dwilingga
c. Dwiwarna
d. Dwisawana

21. Tembung-tembung ing ngisor iki sing kalebu rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bola-bali
b. Leluhur
c. Omah-omah
d. Ndhengangak
`
22. Pangrimbage tembung andhahan kang karana kacambor tuladhane yaiku ….
a. Wira-wiri
b. Bocah-bocah
c. Randha royal
d. Mongan-mangan

23. Ing ngisor kalebu tuladha pangrimbage tembung andhahan kang karana kawancah, kajaba….
a. Lunglit
b. Pakdhe
c. Nagasari
d. Paklik

24. Bab-bab sing kudu digatekake sajroning maca intensif,kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
a. Mangerteni isi lan maknane wacan kanthi wutuh
b. Ora mbaleni ukara utawa larikan sing wis diwaca
c. Maca sing becik iku kudu sinambung
d. Ora perlu pahami gagasan baku ing saben paragraph

25. Sing kudu digatekake sajroning maca ing njero batin iku kudu kebak kawigaten. Apa tujuwane….
a. Supaya bisa mahami isine wacan
b. Supaya bisa maca maca kanthi cepet
c. Supaya bisa maca kanthi lancar
d. Supaya mbaleni maca maneh

26. Sakjroning maca ing njero batin becike ….
a. Ngetokake swara lirih wae
b. Ora ngetokake swara utawa kecapan
c. Kena ngetokake swara, nanging rengeng wae
d. Kena ngetokake swara sing banter

27. Titikane kanggo nemtokake bakune gagasan ing sakjroning paragraf kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba….
a. Lumrahe dumadi saka ukara kang umum kang dadi topik ing sakjroning paragraph
b. Gagasan baku lumrahe mapan ing awal paragraph utawa pungkasane paragraph
c. Saben paragraph lumrahe dumadi saka 1 gagasan baku lan ukara-ukara sing njlentrehake gagasan baku
d. Gagasan baku lumrahe manggon ing tengah-tengah paragraf

28. Perangan wacan utawa karangan kang ngandhut siji gagasan baku lan njangkepi karo ukara-ukara panjangkep diarani ….
a. Bait
b. Pupuh
c. Paragraph
d. Gatra

29. Paragraph deduktif yaiku paragraph sing gagasan bakune manggon ana ing ….
a. Wiwitan paragraph
b. Tengahing paragraph
c. Pungkasan paragraph
d. Wiwitan lan pungkasan paragraph

30. Paragraph induktif yaiku paragraf sing gagasan bakune manggon ana ing ….
a. Wiwitan paragraph
b. Tengahing paragraph
c. Pungkasan paragraph
d. Wiwitan lan pungkasan

Bung Tomo
Mayjen Soetomo nate njabat Combined staff utawa kepala staf gabungan TNI. Mayjen Soetomo utawa akrab diceluk Bung Tomo iku dilantik dadi Combined Staff dening Bung Karno ing Mabes TNI ndhek tanggal 3 Juni 1947 bebarengan karo Jenderal Sudirman sing dadi panglima besar TNI lan Amir Syarifudin sing dadi menteri pertahanan. Amarga Walanda lagi nganakake agresi militer lan swasana dharurat.

31. Miturut wacan ing dhuwur apa jabatan anyar sing disandang Bung Tomo wektu dilantik naliko tanggal 3 Juni 1947….
a. Panglima besar TNI
b. Menteri pertahanan
c. Perdana menteri
d. Combined staff

32. Ing tlatah endi Bung Tomo dilantik dadi pejabat TNI dening Presiden Soekarno….
a. Ing istana Negara jakarta
b. Ing istana Bogor
c. Ing istana Negara Yogyakarta
d. Ing istana merdeka

33. Bung Tomo dilantik bebarengan karo sopo ….
a. Jenderal Sudirman lan Jenderal Gathot Subroto
b. Jenderal Sudirman lan Jenderal Panjaitan
c. Jenderal Sudirman lan Jenderal Panjaitan
d. Jenderal Sudirman lan Jenderal Amir Syarifudin

34. Apa tegese pangkat Mayjen kang disandang Bung Tomo….
a. Mayor tentara
b. Mayor Jenderal
c. Mayor Letnan
d. Letnan Mayor

35. Apa dhasa namane tembung swasana ing wacana ing dhuwur ….
a. Kauripan
b. Kahanan
c. Paperangan
d. Kaendahan

36. Gunane ater-ater anuswara yaiku kanggo ndhapuk tembung dadi rimbag ….
a. Tembung kriya tanggap
b. Tembung kriya tanduk
c. Tembung sesulih
d. Tembung aran

37. Tembung daktuku, asale saka tembung tuku antuk ater-ater (dak), kang kalebu ater-ater sesulihe ….
a. Wong ka-1
b. Wong ka-2
c. Wong ka-3
d. Wong ka-4

38. Tembung kokgunakake, asale saka tembung tulis antuk ater-ater (di) kang kalebu ater-ater sesulihe ….
a. Wong ka-3
b. Wong ka-2
c. Wong ka-1
d. Utama purusa

39. Pakdhe nembe rawuh saking Jakarta. Ukara iki nganggo basa ….
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Karma alus
40. Miturut wujude, te
41. mbung kapecah dadi loro yaiku …
a. Tembung lingga lan andhahan
b. Tembung andhahan lan pandadaran
c. Tembung lingga lan wancahan
d. Tembung camboran lan lingga
42. Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung lingga, kajaba ….
a. turu
b. mangan
c. tamba
d. pangan

43. Tetembungan ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung andhahan, kajaba ……
a. disuwek
b. lungguh
c. dakpangan
d. kokgawa

44. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ….
a. bola bali
b. leluhur
c. omah-omah
d. mbeguguk
45. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkap dwiwasana yaiku ….
a. jedhindil
b. cekakak
c. cengenges
d. ndhengangak

46. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga yaiku ….
a. leluhur
b. bocah-bocah
c. cekat-ceket
d. celuluk

47. Pangrimbage tembung andhahan kang karana kacambor tuladhane yaiku ….
a. mloya-mlayu
b. bocah-bocah
c. randha royal
d. mloka-mlaku

48. Ing ngisor iki kalebu tuladha pangrimbage tembung andhahan kang karana kawancah, kajaba ….
a. bangjo
b. pakdhe
c. bulik
d. nagasari

49. Ater-ater sesulihe wong ka-1 uga diarani….
a. Tanggap utama purusa
b. Tanggap madyama purusa
c. Tanggap pratama purusa
d. Tanggap pangaksama

50. Miturut wujude tembung kaperang dadi loro yaiku ….
a. Tembung lingga lan tembung aran
b. Tembung lingga lan tembung andhahan
c. Tembung krama lan tembung lingga
d. Tembung lingga lan tembung krama

51. Wuwuhan ing basa Jawa kaperang dadi 3, yaiku ….
a. Ater-ater, dwipurwa, lan dwilingga
b. Ater-ater, seselan, lan panambang
c. Dwilingga, dwipurwa, lan seselan
d. Rangkep, dwilingga, ln dwipurwa

52. Simbah kondur wingi sonten.Ukara iki nganggo basa apa?
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

53. Ukara sing bener unggah-ungguhe kajaba….
a. Bapak wis adus isuk mau
b. Adik wis dhahar ing omahe kancaku
c. Adhik lagi ngendhikan karo kanca-kancane
d. Simbah gerah waja

54. Pakdhe nembe rawuh saking Jakarta. Ukara iki nganggo basa ….
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Karma alus

55. Prayogine yen guneman karo kanca sing wis akrab sanget yaiku tuladha ingkang …..
a. Kowe asale saka daerah endi?
b. Sampean asline saka daerah endi?
c. Panjenengan saking tlatah pundi?
d. Panjenengan kowe bade pundi?

56. Becik ketitik ala ketara, duweni teges yaiku …
a. Sing elek bakal katon lan sing apik uga bakal katon
b. Apik setitik gak katon alane amarga lakune
c. Lane sing titik ditutup becik ala tetep bakalan
d. Becik ketitik wae tanpa ana lara sing ala

57. Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa Jawa ngoko lugu yaiku….
a. Penjenengan mengko arep tak ajak lunga menyang blitar
b. Sapata sing nimbali aku esuk mau, aku ora pati krungu
c. Kowe mengo apa sido menyang daleme Pak Marto, Mas?
d. Sumitri dikongkon kancane nyilih buku ing perpustakaan

58. Ing ngisor iki sing kalebu ukara kanggo nyritakake pengalaman pribadi yaiku ….
a. Wah, kepriye seumpama aku mengko ora teko menyang ulang tahune Sita.
b. Hen, kowe sesuk yen ono wektu dikongkon dolan menyang omahe Tanto
c. Wah, wingenane jan kisinan tenan nalika aku tiba ing ngarepe bocah-bocah wadon
d. Ndek dina selasa, Santi katon seneng amarga ditukokake sepedha anyar

59. Tembung ing ngisor iki sing nerangake kedadean mesti yaiku…
a. Bu Aisyiah saben dino dodol ondhe-ondhe ing stasiun.
b. Biasane yen liburan, alun-alun Kediri iku mesthi rame
c. Tegalanmu yen ketiga biasane ora ana tandurane kejaba suket alang-alang
d. Desa-desa ing Blitar saiki kira-kira wis katon rame tur saya maju

60. Wilangan angka “1922” yen diucapake gawe basa jawa krama yaiku …
a. Sewu satus kaleh dhasa kaleh
b. Setunggalewu satus pitungdhasa sanga dhasa kaleh
c. Setunggalewu sangang atus kaleh dhasa kaleh
d. Setunggalatusewu sangang atus kaleh dhasa