Soal Latihan UTS Basa Jawa Kelas 9
Tahun ajaran 2012-2013

1. Puisi Jawa gagrag anyar diarani …
a. Paribasan
b. Wangsalan
c. Parikan
d. Geguritan

2. “Arep gawe apa, Mas Darman?”pitakone Andi.
Ukara kasebut kalebu ukara …
a. Langsung
b. Camboran
c. Ora langsung
d. Sananta

3. Rinda matur yen dheweke arep merusake sekolah menyang SMA .
Ukara kasebut kalebu ukara …
a. Langsung
b. Camboran
c. Ora langsung
d. Sananta

4. Ukara kang jejere di kenani pakaryan lesan diarani ukara …
a. Tanggap
b. Tanduk
c. Sananta
d. Sambawa

5. Ukara kang jejere nindakake pakaryan di arani ukara …
a. Sananta
b. Tanduk
c. Tanggap
d. Sambawa

6. Bocah cilik aja diseneni bae.
Ukara kasebut kalebu ukara …
a. Sananta
b. Tanduk
c. Tanggap
d. Sambawa

7. Kucing (tubruk) tikus nang latar.
Tembung jrone kurung benere …
a. Ditubruk
b. Tinubruk
c. Daktubruk
d. Nubruk

8. Bu Diah numpak sepedha menyang pasar. Tembung numpak kudune …
a. Nyengklak
b. Nunggang
c. Nuntun
d. Nitih

9. Polahe kaya gabah den interi. Unen – unen iki kalebu …
a. Paribasan
b. Pepindhan
c. Parikan
d. Wangsalan

10. Sing kaya mutung wesi gligen yaiku …
a. Polahe
b. Swarane
c. Sumbare
d. Tekade

11. Andhi dedege dhuwur kencur. Tembung sing kacithak kandhel tegese …
a. Gedhe dhuwur
b. Gedhe cilik
c. Endhek banget
d. Dhuwur banget

12. Kali cilik iku banyune bening leri. Tembung sing kacithak kandhel tegese …
a. Butheg banget
b. Asin banget
c. Bening banget
d. Putih banget

13. Ing crita Andhe – Andhe lumut, paraga wanita kang apik bebudhine yaiku …
a. Kleting abang
b. Kleting Kuning
c. Kleting Biru
d. Kleting Ungu

14. Jaka Tingkir kasil
Jaka Tingkir dadi salah sawijining tuladha para mudha ingkang gadah kaunggulan babagan kanoragan. Saka babagan iku mau, cekak critane Jaka Tingkir bisa kasil mujudake impene ing jero ati saka jaman biyen mula yaiku dadi narapraja ing kasultanan Demak Bintara. Kaunggulan kanoragan sing di duweni Tingkir kapirsa nalika tingkir diajak mbedhag pikat. Nalika bedhag pikat Tingkir kasil nyekel macan tanpa nganggo gegaman, malah macanipun dipun bopong menyang kasultanan. Kanjeng sultan dadi bungah manahipun nalika mireng kabar sakmenika. Merga saka rasa marem lan bungahing atine sultan sahingga kanthi sebab kasebut Jaka Tingkir angsal kanugrahan inggih menika diparingi kalungguhan dados lurahing Tamtama ana ing praja Demak .

Saka perangan carita kasebut sapa sing diarani Jaka Tingkir iku ….
a. Para mudha kang kepenak uripe ing jaman biyene
b. Para mudha kang duweni watak welas asih
c. Para mudha kang nduweni kaunggulan kanoragan
d. Abdi dalem ing kasultanan Demak Bintara

15. Tegese ukara mbedhag pikat ing duwur yaiku ….
a. Golek pusaka praja
b. Golek kewan ing jero alas
c. Sarana nyobi prajurit enggal
d. Ngangkat tingkir dadi lurah

16. Nalika Jaka Tingkir isih cilik, deweke nduweni kapinginan yen gedhe mangke pengen dadi napa ….
a. Wong sekti mandraguna sak jagad nuswantara
b. Wong kang migunani marang bangsa nuswantara
c. Nara praja ingang ngabdi ing kasultanan
d. Juru mbedag pikat kasultanan Demak

17. Babagan apa sing ndadekake Tingkir narima mandhat dados Lurah Tamtama ing praja Demak ….
a. Amarga rasa welas asih marang liyan lan uga marang kewan
b. Amarga duweni tali paseduluran ingkang sae kalian Sultan Demak
c. Amarga kasil dadi narapraja demak Bintara kanti cetho
d. Amarga isa maremake manahe sultan nalika mbedhag pikat

18. Wektu kapan sahingga Sultan mangerteni kaunggulane Tingkir babagan olah kanoragane ….
a. Nalika Tingkir dadi abdi praja
b. Nalika diajak mbedhag pikat
c. Nalika mlupat saka tamba
d. Nalika mlebu metu saka alas

19. Kanthi cara kaya ngapa tingkir kasil gawa macan pinuju kasultanan ….
a. Kanti cara di tumpakake ana ing sakdhuwure kereta
b. Gunakake lumakune tingkir lan mbopong macan
c. Tansah direwangi kaliyan prajurit kasultanan
d. Gunakake anane suwita praja demak

20. Miturut cerito ing duwur , tokoh sing kadapuk dadi tokoh protagnis yaiku ….
a. Kanjeng Sultan
b. Kanjeng Patih
c. Jaka TIngkir
d. Dagelan

21. Urut-urutane prastawa sakjeronng drama wiwit saka prolog, klimaks lan nganti tumekane pungkasan cerita diarani ….
a. Sutradara
b. Mimic
c. Epilog
d. Alur

22. Panggonan lan wektu dumadine crita drama diaranai ….
a. Dialog
b. Plot
c. Setting
d. Antagonis

23. Ing ngisor iki sing kalebu “Purwaka” nalika pidato yaiku ….
a. Mugi mugi panjenengan tansah pinaringan seger kawerasan dumugi mbenjang menika.
b. Pujisyukur dumateng ngersanipun ALLAH SWT ingkang sampun maringi rahmat.
c. Cekap semanten atur kawula , mbok bilih wonten lepatipun atur, kula nyuwun ngapunten.
d. Minangka pungkasaning atur, kula sak kanca nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.

24. Pakulinan ndongeng punika saged nuwuhaken rumaketipun sesambetan antawisipun tiyang sepuh kaliyan lare. Ukara kasebut nggunakake basa …
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus

25. “Arep gawe apa, Mas Muhammad?”pitakone Andi nalika ketemu ing dalanan.
Ukara kasebut kalebu ukara …
a. Langsung
b. Camboran
c. Ora langsung
d. Sananta

26. Andhi dedege dhuwur kencur. Tembung sing kacithak kandhel tegese …
a. Gedhe dhuwur
b. Gedhe cilik
c. Endhek banget
d. Dhuwur banget

27. Kali cilik iku banyune bening leri. Tembung sing kacithak kandhel tegese …
a. Butheg banget
b. Asin banget
c. Bening banget
d. Putih banget

28. Bu guru Maimunah numpak sepedha menyang sekolah. Tembung numpak kudune …
a. Nyengklak
b. Nunggang
c. Nuntun
d. Nitih

29. Ana kedadean kucing (tubruk) tikus ing latar.
Tembung jrone kurung benere yaiku…
a. Ditubruk
b. Tinubruk
c. Daktubruk
d. Nubruk

30. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko lugu yaiku …….
a. Mas Hardi saiki ora kersa rawuh mrene.
b. Agemanipun bolong kenging rokok
c. Pak Danu olehe ngomong lirih banget
d. Toni mboten saged wangsul punika.

31. Bapak Ibu Guru ingkang dhahat kinurmatan, sedaya kanca ingkang tansah kula tresnani.
Tuladha ing duwur yaiku perangane tanggap wacana babagan ….
a. Salam pambuka
b. Purwaka
c. Surasa basa
d. Pangarep-arep

32. Ing ngisor iki sing paling trep digunakake nalika wasana basa ing sajroning tanggap wacana yaiku ….
a. Matur suwun rawuhipun para kadhang
b. Wusana cekap semanten atur kawula
c. Kanca-kanca ingkang dhahat kinurmatan
d. Mugi-mugi pinaringan rahayu wilujeng

33. Ing ngisor iki sing duweni kalungguhan paling asor yaiku ….
a. Sultan
b. Narapraja
c. prajurit
d. Patih

34. Dadi uwong aja sak kumuwat amarga sugihe.Kumuwat duweni teges pada karo ukara ing ngisor iki yaiku ….
a. Kahanan
b. Kedunyan
c. Gumedhe
d. Tresnani

35. “Lha menika prajurit enggal lha kok mung mendel kemawon”.
Tegese ukara mendel ing duwur yaiku ….
a. Meneng
b. Sregep
c. Wedi
d. Mlaku

LELARA
Dening Suci Hadi Suwita
Teka tanpa taha-taha,
satus dalane,
sewu jalarane,
saleksa jeneng memala,
nadyan kaduwa tetep meksa,
nlusup selaning lena,
sok nglayang liwat mega meksa,
malang kadhak nantang kang tan kawagang,
slulup lelumban ing peranganing raga,
lelara raga pengkuh datan karasa,
mudha prakosa lelara datan temama,
Kepriye tekaning lelara iku ?
a. nadyan kaduwa tetep meksa
b. tanpa taha-taha
c. nglayang liwat mega
d. nlusup selaning lena

36. Mudha prakosa lelara datan temama. Tembung prakosa tegesipun … .
a. bisa
b. ora
c. kuwat
d. rekasa

37. Manut geguritan ing ndhuwur, ana pira jenenge lelara iku….
a. satus
b. sewu
c. sayuta
d. saleksa

38. .nbi mus. Yen di tulis gawe tulisan latin yaiku ….
a. Nabi musa
b. Nabi yusuf
c. Nabi nuh
d. Nabi isa

39. .lu z a ji me v me kh. Yen ditulis gawe aksara latin yaiku ….
a. Ibadah haji ing mekah
b. Lunga haji ing mekah
c. Lunga haji menyang mekah
d. Ibadah haji menyang mekah

40. Nggunakake basa krama alus kudune digunakake marang ….
a. b p ln Hi bu
b. w+ lk nu kiku
c. nlikh_jk*0
d. dfhgkjgkh
41. Manut geguritan ing ndhuwur, ana pira dalan mlebune lelara iku….
a. satus
b. sewu
c. sayuta
d. saleksa

42. Ing ngisor kalebu carito rakyat, kejaba …
a. Andhe – Andhe lumut
b. Rara Kembang Sore
c. Asal – usule Banyuwangi
d. Surabaya Kutha Pahlawan

43. Pralambange tumrap bocah sing durung dunung, utawa durung ngerti diwedharake ing tembang …
a. Sinom
b. Kinanthi
c. Gambuh
d. Mijil

44. Pralambange tumrap bocah kang tumapak ing wayah nom–noman (remaja) diwedharake ing tembang …
a. Sinom
b. Kinanthi
c. Gambuh
d. Mijil

45. Seneng tresna, grapyak, cocok kanggo aweh pitutur rasa tresna mujudake wateke …
a. Sinom
b. Kinanthi
c. Gambuh
d. Mijil

46. Cacahing wanda saben sagatra di arani …
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan
d. Guru sastra

47. Dhong – dhinge swara ing pungkasane gatra di arani …
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan
d. Guru sastra

48. Sing ngatur lan mimpin lumakune drama diarani …
a. Sutradara
b. Improvisasi
c. Audience
d. Figuran

49. Jroning maca naskah drama pirembugan kanthi kebak ekspresi dijumbuhake karo …
a. Akheh sathithike penonton
b. Tugas saka sang sutradara
c. Wewatakane tokoh
d. Akeh sethithike tokoh

50. Bapak kepala desa ingkang dahat kinurmatan.
Bapak-bapak kepala desa lan perangkatipun
Ingkang sampun kepareng rawuh.
Perangan tanggap wacana ing dhuwur mujudake….
a. Salam pambuka
b. Purwaka
c. Surasa basa
d. Panutup

URAIAN
51. Ukara kang jejere nindakake pakaryan di arani ukara …
52. Bocah cilik aja diseneni bae.
Ukara kasebut kalebu ukara …
53. Kucing (tubruk) tikus nang latar.
Tembung jrone kurung benere …
54. Bu Diah numpak sepedha menyang pasar. Tembung numpak kudune …
55. Polahe kaya gabah den interi. Unen – unen iki kalebu …
56. Sing kaya mutung wesi gligen yaiku …
57. Andhi dedege dhuwur kencur. Tembung sing kacithak kandhel tegese …
58. Kali cilik iku banyune bening leri. Tembung sing kacithak kandhel tegese …
59. Ing crita Andhe – Andhe lumut, paraga wanita kang ala bebudhine yaiku …
60. Seneng tresna, grapyak, cocok kanggo aweh pitutur rasa tresna mujudake wateke …
61. Cacahing wanda saben sagatra di arani …
62. Dhong – dhinge swara ing pungkasane gatra di arani …
63. Sing ngatur lan mimpin lumakune drama diarani …
64. Nalika maca naskah drama pirembugan kanthi kebak ekspresi dijumbuhake karo …
65. Bapak kepala desa ingkang dahat kinurmatan.
Bapak-bapak kepala desa lan perangkatipun
Ingkang sampun kepareng rawuh.
Perangan tanggap wacana ing dhuwur mujudake….
66. Sebutna 3 tuladhane cerita rakyat!
67. Pralambange tumrap bocah sing durung dunung, utawa durung ngerti diwedharake ing tembang …
68. Pralambange tumrap bocah kang tumapak ing wayah nom–noman (remaja) diwedharake ing tembang …
69. 1. Ngadeg jejeg kanthi kebag kapitayan
2.Ulate nyenengake aja mbesengut
3.Kudu bisa ngobahake awak kanthi becik
4.swarane kudu sing banter banget
5.lagune swara kepenak dirungokake
6.bisa jumbuhake kahanan lan swasana
Nalika nindakake tanggap wacana, pratelan ing dhuwur sing kudu digatekake yaiku ing nomer….
70. Cacahe gatra saben sapada di arani …