SOAL LATIHAN UJIAN TENGAH SEMESTER BASA JAWA KELAS VII

Pilihen salah siji jawaban sing tepak!
Vertikultura

Lumrahe nandur sayuran iku mbutuhake lahan kang jembar kaya tegalan, sawah lan sapanunggale. Nanging upama ora duwe lahan, mula isa nggunaake lahan pekarangan kanggo nandur sayuran nanging mawa cara sing diarani system vertikultura. Apa ta vertikultura iku? Yaiku nenandur kanthi cara tingkat utara undhag-undhagan. Kauntungan gawe cara iki yaiku isa gunakake lahan cupet, sakliyane iku uga jumlah tanduran isa luwih akeh tinimbang yen ditandur ing lemah ngono wae, .uwih endah disawang lan tumrape ibu-ibu rumah tangga bisa nyuda dhuwit blanja.

1. Keuntungan nandur gawe mawa cara vertikultura kaya ing ngisor iki, kejaba …
a. Bisa manfaatake lahan kang cupet
b. Jumlah tanduran bisa luwih akeh
c. Luwih endah disawang
d. Mbutuhake dhuwit kang ora sithik

2. Tanduran iki bisa ditandur nganggo cara vertikultura, kejaba …
a. Pelem
b. Tomat
c. Melati
d. Sledri

3. Nenandur mawa cara tingkat utawa undhag-undhagan kasebut …
a. Holtikultura
b. Vertikultura
c. Stek
d. Hibrida

4. Kebo buke mati setra tegese …
a. Wong pinter nanging ora ana sing nggunakake
b. Wong nindakake penggaweyan nanging gagal
c. Wong sing kena apus kanthi gampang
d. Wong wis kadhung ambyur kudu ditemeni

5. Kanggo rembugan ing antarane sapadha-padha kang raket, nanging kanthi rasa ngajeni banget nggunakake basa …
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus

6. Kanggo rembugan marang wong kang luwih dhuwur drajade, prayogane nggunakake basa …
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus

7. Ing ngisor iki sing kalebu tembung sing gunakake basa ngoko alus yaiku …
a. Tembung ngoko sing magepokake karo kewan, wit-witan, lan barang yen ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tebung karma inggil.
b. Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi yen ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tembung krama inggil.
c. Tembung sing dienggo ngurmati wong sing diajak guneman yen ora ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tembung krama lugu.
d. Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi senajan ana krama inggile tetep nggunakake tembung ngoko, ora oleh dikramakake inggil.

8. Sakjane sing takkandhakake mau mung abang-abang lambe, ngono karo kancamu dianggep temenan! Unen-unen “abang-abang lambe” tegese …
a. Mung kanggo pantes pantesan
b. Mung kanggo ngapusi wong liya
c. Kanggo nambahi amrih bisane apik
d. Sarana kanggo ngelingake wong liya

9. Karangan sing panulisane ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat kang tansah nggunakake tembung-tembung kang mantes lan mantesi serta ngutamakake rasa kaendahan diarani …
a. Parikan
b. Tembang
c. Wangsalan
d. Geguritan

10. Kaendahane karangan kang awujud geguritan iku dumunung ana ing …
a. Anane paugeran guru lagu lan guru swara
b. Tembung sing dipilih gampang di mangerti
c. Ukara sing dipilih kudu tansah ringkes
d. Pilihan tembung kan mantes lan mantesi

11. Bab sing kudu digatekake supaya bisa maca geguritan kanthi becik lan kepenak dirungokake yaiku …
a. Kudu apal tembung-tembung ing sakjroning geguritan
b. Iso kanthi cetho anggone njelasake isine geguritan
c. Kudu bisa ngarang geguritan sing meh pada saka tuladhane
d. Swarane landhung, pangucapane tembung kudu bener lan trep

12.
Dinas Kebersihan kutha Surabaya nganakake program anyar yaiku ngresiki got lan kali-kali ing saindenging kutha Surabaya. Program reresik kali lan got iku di dhawuhake marang warga liwat lurah lan kepala desa sing disosialisasiake marang ketua RT. Para warga dianjurake nyengkuyung kegiatan kasebut kanti nganakake kerja bakti ing lingkungane. Kagiatan kasebut diutamaake gawe ngadepi mangsa rendheng, amarga dikawatirake got bakal banjir. Gawe ngakali kedadeyan mengkana mau sahingga warga dianjurake nguras linet sing ana ing njero got.
13. Manut wacan ing dhuwur,gebrakan anyar sing ditindakake dening Dinas Kebersihan kutha Surabaya yaiku ngresiki ….
a. Got lan kali-kali
b. Dolan-dolan
c. Taman-taman
d. Jalur ijo

14. Program dening dinas kasebut didawuhake marang sapa wae….
a. Camat
b. Carik
c. Sekdes
d. Lurah

15. Para warga diajak supaya nyengkuyung program ngresiki lingkungan, lewat kegiatan punapa ….
a. Pengajian rutin
b. Urun rembug
c. Kerja bakti
d. Bakti warga

16. Linet ing dhasare got utawa kali yen ora diangkat bakal nyebabake kedadeyan apa….
a. Sesawangan sing ora nresepake
b. Nyebabake lara demam berdarah
c. Banyu bisa mili bareng karo linete
d. Banyu ora bisa mili lan ndangkal

17. Apa sing dadi gagasan baku kang kinandhut ing paragraph ing dhuwur ….
a. Para warga diajak nyengkuyung program kasebut lewat kerja bakti ing lingkungan kelurahan
b. Program ngresiki got iku didawuhake lewat lurah lan kepala desa supaya bisa di sengkuyung bebarengan
c. Dinas Kebersihan kutha Surabaya gawe gebrakan anyar yaiku ngresiki kali lan got
d. Akeh kali sing wes dadi mlumpuke linet sing dadekake banjir

18. Tegese mangsa rendheng ing wacan ing duwur yaiku ….
a. Mangsa ketiga
b. Mangsa panas
c. Mangsa udan
d. Mangsa alihan

19. Tembung kang durung owah saka asline diarani tembung ….
a. Andhahan
b. Lingga
c. Camboran
d. Tanggap

20. Tetembungan sing wis owah saka asale diarani tembung ….
a. Dwipurwa
b. Andhahan
c. Lingganan
d. Lingga

21. Tetembungan ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung lingga yaiku ….
a. Tuku
b. Mangan
c. Tamba
d. Pangan

22. Sing kalebu tuladhane tembung andhahan yaiku ….
a. Dakpangan
b. Kokgawa
c. Disuwek
d. Lungguh

23. Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung rimbag rangkep dwipurwa yaiku ….
a. Cekat-cekot
b. Celuluk
c. Leluhur
d. Bocah-bocah

24. Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bola-bali
b. Leluhur
c. Omah-omah
d. Mbeguguk

25. Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung rimbag rangkep dwiwasana yaiku ….
a. Jedhindhil
b. Cekakak
c. Cengenges
d. Ndhengangak

26. Pangrimbage tembung andhahan kang karana kacambor tuladhane yaiku ….
a. Arek-arek
b. Wira-wiri
c. Mongan mangan
d. Randha royal

27. Ing ngisor iki kalebu tuladha pangrimbage tembung andhahan kang karana kawancah kajaba….
a. Lunglit
b. Pakdhe
c. Bulik
d. Nagasari

28. Ing ngisor iki sing kalebu cara nyritakake pengalaman supaya bisa narik kawigatene wong sing ngrungakake yaiku…..
a. Pinter milih basal an tetembungan
b. Ukara sing dicritakake kudu runtut
c. Nalika crita kudu komunikatif
d. Ngucapake unen-unen kanti cepet banget

29. Ing ngisor iku ukara sing gunakake basa krama alus yaiku ……
a. Ibu arep tindhak menyang peken
b. Bapaku nembe turu ing griya
c. Ibu sakmenika nembe tindhak
d. Kula mboten weruh kedadiyan niku

30. Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa Jawa ngoko lugu yaiku….
a. Penjenengan mengko arep tak ajak lunga menyang blitar
b. Sapata sing nimbali aku esuk mau, aku ora pati krungu
c. Kowe mengo apa sido menyang daleme Pak Marto, Mas?
d. Sumitri dikongkon kancane nyilih buku ing perpustakaan

31. Ing ngisor iki sing kalebu ukara kanggo nyritakake pengalaman pribadhi yaiku ….
a. Wah, kepriye seumpama aku mengko ora teko menyang ulang tahune Sita.
b. He, kowe sesuk yen ono wektu dikongkon dolan menyang omahe Tanto
c. Wah, wingenane jan kisinan tenan nalika aku tiba ing ngarepe bocah-bocah wadon
d. Dhek Dina selasa, Santi katon seneng amarga ditukokake sepedha anyar

32. Tembung ing ngisor iki sing nerangake kedadean mesti yaiku…
a. Mbok Jamilah saben dino dodol ondhe-ondhe ing stasiun.
b. Biasane yen minggu, alun-alun Kediri iku mesthi rame
c. Tegalanmu yen ketiga ora ana tandurane kejaba suket alang-alang
d. Desa-desa ing Blitar saiki wis katon rame tur saya maju

33. (1) Pinter milih basa lan tetembungan sing trep.
(2) Tembung, basa, lan ukara miliha sing angel dingerteni
(3) Ukara sing diceritakake kudu runtut
(4) Nduweni pilihan basa sing nyenengne
(5) Olehe crito ora monoton
(6) Nalika crita wong sing ngrungokake dikongkon meneng kabeh.
Adhedasar pratelan-pratelan ing ndhuwur carane supaya nyritakake pengalaman bisa narik wong sing ngrungokake dituduhake pratelan nomer ….
a. 1, 2, 3, 5
b. 2, 3, 4, 6
c. 3, 4, 5, 6
d. 1, 3, 4, 5

34. Pitungan angka “1922” yen diucapake gawe basa jawa krama yaiku …
a. Sewu satus kaleh dhasa kaleh
b. Setunggalewu satus pitungdhasa sanga dhasa kaleh
c. Setunggalewu sangangatus kaleh dhasa kaleh
d. etunggalatusewu sangangatus kaleh dhasa

35. Prayogine yen guneman karo kanca sing wis akrab sanget yaiku tuladha ingkang …..
a. Kowe asale saka daerah endi?
b. Sampean asline saka daerah endi?
c. Panjenengan sejatine saking tlatah pundi?
d. Panjenengan kowe bade pundi?

36. Becik ketitik ala ketara, duweni teges yaiku …
a. Sing elek bakal katon lan sing apik uga bakal katon
b. Apik setitik gak katon alane
c. Lane sing titik ditutup becik
d. Becik ketitik wae tanpa ana lara

37. Ukara iki,tumindkBecik yen ditulsi gawe aksara latin yaiku ….
a. Tumindak ala
b. Tumindak becik
c. Tindakan becik
d. Tumindako becik
38. Tuladha tembung ayem tentrem, guyub rukun, njungkir malik lan sepi mamring kalebu tembung …
a. Garba
b. Camboran
c. Entar
d. Saroja

39. Tembung sing durung owah saka asale nanging wis bisa madeg dhewe diarani tembung….
a. Andhahan
b. Lingga
c. Purwa
d. Sanepa

40. Tembung sing uwes kena owahan saka tembung asale diarani tembung …
a. Saroja
b. Entar
c. Garba
d. Andhahan
41. Tambahan ukara sing manggon ana ngarepe tembung lingga diarani …
a. Ater-ater
b. Seselan
c. Wuwuhan
d. Tripurusa

42. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung lingga yaiku …
a. Tetuku
b. Lelakon
c. Lunga
d. Kelingan
43. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung andhahan yaiku …
a. Mlaku
b. Wiwit
c. Kelingan
d. Budhal

44. Yen arep … (sabrang) dalan gehde kudu … (toleh) ngiiwa lan … (tengen). Ukara kang trep gawe ngisi ceceg-ceceg ing duwur yaiku …
a. sabrangi , tetolehan, katengan
b. nyabrang, noleh, nengen
c. sabrang, noleh, nengen
d. nyabrang, ketolehan, nengen

45. Barang sing arep … marang … iki, awan mau tibake wis … dening Bu Lurah.Ukara sing trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing duwur yaiku ….
a. Takwenehake, sampeyan, dideleng
b. Takparingi, panjenengan, dipunpirsani
c. Takcaosake, panjenengan, dipirsani
d. Kulocaosaken, sampeyan, dipunpirsani

46. Tembung loro utawa luwih sing panyebutane sarana nyuda wandane sing ngarep utawa sing mburi diarani …
a. Garba
b. Saroja
c. Camboran
d. Entar

47. Tembung loro utawa luwih sing tegese padha utawa meh padha dienggo bebarengan kango mbangetake diarani tembung …
a. Garba
b. Entar
c. Saroja
d. Camboran

48. Gunane pasangan ing aksara jawa yaiku gawe ….
a. Nulis tembung saka basa manca lan saka tulisan latin
b. Nulis tembung sing kudu dikormati unine
c. Mbedakake swara jejeg lan swara miring
d. Kanggo gandeng wanda mati karo wanda teruse

49. Tembung sing duweni teges nanging dudu salugune diarani …
a. Garba
b. Camboran
c. Entar
d. Saroja

50. Ing ngisor iki sang kalebu tembang dolanan kajaba…
a. Gundhul pacul
b. Suwe ora jamu
c. Sewu kutha
d. Gambang suling

51. Lumrahe kanggo ngerteni isine pawarto sing jangkep iku kudu bisa jawab pitakon-pitakon kaya ing ngisor iki yaiku ….
a. Pira, kepriye, sapa, kapan, kaya apa
b. Ing ngendi, sapa, kepriye, sepira, apa
c. Kapan, apa, sapa, geneya, ing ngendi
d. Karo sapa, endi wae, kapan, apa, sapa

52. Penyidik komisi pemberantasan korupsi nangkep anggota DPR,Abdul Hadi Jamal lan Darmawati Dareho pegawe departemen perhubungan, selasa (3/3) jam 23.00. Kekarone dipikut naliko rembugan bab duwit sogokan ing dhaerah karet Jakarta. Isi bakune pethilan pawarta ing dhuwur yaiku….
a. Abdul Hadi Jamal iku mujudake anggota DPR kancane Darmawati Dareho pegawe dephub
b. Darmawati dareho pegawe dephub kenal banget karo Abdul Hadi Jamal anggota DPR
c. Penyikdik KPK wes kasil nangkep anggota DPR lan pegawe Dephub ing kasus suap
d. Ing njero mobile Hadi lan Darmawati ditemokake duwik US 90$ ewu.

Miturut cerita pedhalangan dewi Sinta iku putrine Prabu Dasamuka karo dewi kanung. Dewi Sinta kuwi titisane bethari widawati. Dewi sinta kagarwa Ramawijaya, lajengipun gadhah putra loro kusa lan lawa. Sing akhire cerita iki ditulis dadi cerita Ramayana.

53. Ing cerita ing dhuwur sing dadi garwane Dewi Sinta yaiku…
a. Ramanjaya
b. Ramawijaya
c. Raden Rahma
d. Ramasinta

54. Miturut cerita ing dhuwur sing dadi ramane Kusa yaiku…
a. Dewa ndaru
b. Baskara
c. Kagarwa
d. Ramawijaya

55. Ukara titisane ing wacan ing dhuwur , duweni arti …
a. Tujuan
b. Keturunan
c. Sedulur
d. Kawula

56. Nganti seprene kedadeyan mau isih nuwuhake tandha pitakon marang masyarakat Indonesia. Tembung nuwuhake jroning ukara ing dhuwur tegese….
a. Ngadekake
b. Ngrungeake
c. Nglaporake
d. Ngandhakake

57. Isine prajanjen kontrak iku wis disarujuki dening wong-wong sing padha nyekseni. Tembung disarujuki jroning ukara ing dhuwur tegese….
a. Dibatalake
b. Direwangi
c. Disetujoni
d. Dipasrahake

58. Ing ngisor iki sing kalebu jinise piranti kanggo mbiwarakake pawarta kang awujud medhiya elektronik yaiku….
a. Kalawarti
b. Koran
c. Majalah
d. Televise

59. Ukara sing wasesane nggunakake ater-ater anuswara (m-, n-,ny-, ng-) diarani ukara….
e. Tanduk
f. Tanggap
g. Andharan
h. Pitakon

60. Ukara sing jejere ketaman pakaryane diarani ukara ….
a. Tanduk
b. Tanggap
c. Andharan
d. Pitakon

61. 1. Sumitri ngresiki kamare
2. Klambine Aminah kecanthol paku.
3. Rambute Wati dijambak adhike
4. Mas Hartoyo mbabati suket ing sawah
5. Wedhusku dicancang ing wit trembesi
Sing kalebu ukara tanggap ditundhukake nomer ….
a. 1, 2, 3
b. 2, 3, 5
c. 2, 3, 4
d. 1, 4, 5

62. (1) Pandu disumpah kidang lanang
(2) Begawan Wiyasa wis rawuh
(3) Para dewa ditekakake Dewi Kunthi
(4) Para cantrik nyepakake daharan
(5) Kyai Jabad maringake sanjata pamungkas
Sing kalebu ukara tanduk dituduhake nomer….
a. 1, 2, 3
b. 2, 3, 5
c. 2, 3, 4
d. 2, 4, 5

63. Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara tanduk tanpa lesan yaiku ….
a. Bu Siti sida ngasta buku wacan
b. Pak Dhe Jayus ngunjuk obat
c. Dik Riski arep budhal sinau
d. Radioku disilih Mbak Sari

64. Ing ngisor iki sing kalebu wujud lan wewatone tembung basa ngoko lugu yaiku ….
a. Tembung ngoko sing digunakake kasar lan seru
b. Tembung sing digunakake bisa ngunakake dhialek
c. Tembung ngoko sing digunakake umum lan baku
d. Tembunge ngoko, ater-ater lan panambang

65. Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa Jawa ngoko lugu yaiku….
a. Penjenengan mengko arep tak ajak lunga menyang blitar
b. Sapata sing nimbali aku esuk mau, aku ora pati krungu
c. Kowe mengo apa sido menyang daleme Pak Marto, Mas?
d. Sumitri dikongkon kancane nyilih buku ing perpustakaan

66. Jenenge kidung sing diciptakake dening kartolo yaiku ….
a. Nem limo
b. Lima pitu
c. Mo limo
d. Papat limo

67. Ing ngisor iki tugase bocah wadon nalika mbiyantu Bu Siti, kajaba….
a. Umbah-umbah
b. Nata berkas murih ketuk rapi
c. Nggodog banyu
d. Nyapu omah

68. Ing ngisor iki sing kalebu tembung lingga yaiku …
a. Turu
b. Kesikut
c. Keturon
d. Ketabrak

69. Ing ngisor iki sing kalebu tembung andhahan yaiku …
a. Kasenengan
b. Lali
c. Suwe
d. Nesu

70. Pak Karyadi kuwi sesepuh ing desaku kene iki. Tembung “sesepuh” ngemu teges….
a. Senajan sepuh
b. Pancen wis sepuh
c. Malih dadi sepuh
d. Sing dianggep sepuh