Archive for Juni, 2013

senam


gitar

SOAL LATIHAN UJIAN KENAIKAN KELAS BASA JAWA KELAS 8 SMP SEMESTER II 2013


SOAL LATIHAN UJIAN KENAIKAN KELAS BASA JAWA KELAS 8 SMP

GLOBALISASI
(Dening : Yusuf Susilo Hartono)
Jamane wis sarwa komputer
Akeh wong pada keblinger
Rodha becakmu tetep munyer
Sarapan sega pecel
Jamane wis sarwa mal plasa
Uripmu panggah nguler kambang
Gethuk tela pendhak rina

1. Wacan ing dhuwur kalebu wacan apa…
a. Cangkriman
b. Parikan
c. Geguritan
d. Dhagelan

2. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
a. Globalisasi
b. Akeh wong pada keblinger
c. Jamane wia sarwa mal plasa
d. Uripmu panggah nguler kambang

3. Sapa panggurit wacan ing dhuwur kuwi?
a. Yusuf Ahmad Hartono
b. Yusuf Susilo Hartono
c. Yusuf Susilo Sartono
d. Yusuf Suhartono
4.

Ukara ing dhuwur kalebu paugerane apa?
a. Geguritan
b. Endahe geguritan
c. Supaya bisa maca geguritan
d. Medharake Geguritan

5. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik,bab-bab sing kudu digatekake kaya ing ngisor iki,kejaba…
a. Mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut,banjur dirasakake
b. b.Kudu nggatekake pocapan lan wiramane
c. c.Bisa meragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
d. d.Sawise bisa nemtokake gagasan baku

6. Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake diarani…
a. Pituduh
a. Tembung saroja
b. Tembung Entar
c. Tembung Garba

7. Ing ngisor iki sing diarani tembung saroja yaiku…
a. Damarwulan duwe watak sing andhap asor
b. Damarwulan iku dadi satriya ing kerajaan Majapahit
c. Sapa wae ora bisa ngrebut atine Endang Retnowati
d. R.A.Kartini dadi pahlawan idola para wanita.

8. Tembung andhap tegese pada karo asor,yaiku ngendhek,utawa diarani…
a. Wani marang kahanan
b. Sopan banget
c. Ngerti marang kahanan
d. Sopan marang wong sing dianggep tuwa.

9. Tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune(bermakna kiasan)diarani…
a. Pituduh
b. Tembung saroja
c. Tembung Entar
d. Tembung Garba

10. Ing ngisor iki sing diarani tembung entar yaiku…
a. Aja percaya karo omongane,dheweke iku kalebu wong sing lunyu ilate.
b. Ratukencanawungu anggone mimpin negara tansah adil wicaksana
c. Anjasmara mikirake Damarwulan awake nganti kuru aking
d. Patih Gajah Mada pangkate kaunggahake.

11. Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahe wandane diarani tembung…
a. Saroja
b. entar
c. Garba
d. Wangsalan

12. Tembung garba kuwi kaperang dadi piro…
a. 2
b. 3
c. 4
d. 5

13. Tembung loro utawa luwih sing ora ana aksara y,yen digarba banjur muncul y,diarani tembung garba:
a. Sutra-ye
b. Sutra-wam
c. Warga – ye
d. Warga –h

14. Ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa entuk ater-ater anuswara lan jejere nindakake pakaryan diarani…
a. Ukara tanduk
b. Ukara tanggap
c. Ukara wancah
d. Ukara camboran

15. Ukara tanduk kaperang dadi loro yaiku ukara tanduk mawa lesan lan…
a. Tanpa lesan
b. Tanpa kiasan
c. Jejere nindakake pakaryan
d. Ukara tanggap

16. Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanduk mawa lesan yaku…
a. Aris nggambar pasar
b. Budi mlaku-mlaku
c. Rini maca
d. Tito lara

17. Ing ngisor iki sing ora kalebu ukara tanduk tanpa lesan yaiku…
a. Tono nguras tambak
b. Ibu dhahar
c. Udin sinau
a. D. Upik mlaku-mlaku

18. Ukara kang wasesane arupa tembung kriya tanggap(entuk ater-ater tripurusa) lan jejere dikenani pakaryan diarani ukara…
a. Tanduk
b. Tanduk mawa lesan
c. Tanduk tanpa lesan
d. Tanggap

19. Purwakanthi kang awewaton rujuking wanda pungkasan gatra ngarep karo wanda wiwitan gatra sing mburi diarani purwakanthi…
a. Guru swara
b. Guru sastra
c. Guru basa/lumaksita
d. Guru gatra.

20. Tuladha sing trep anggone purwakanthi lumaksita yaiku…
a. Jarene pingin maju,kok ora gelem sinau
b. Kudu jujur kareben luhur
c. sapa sing goroh bakal growah
d. angajia tata krama,ngajia basa kang becik

21. Unen-unen kang ngemu teges badhean,kayadene cangkriman utawa tebakan,diarani…
a. Wangsalan
b. Wangsulan
c. Unen-unen
d. Cangkriman.

22. Jenise wangsalan ing bebrayan ana piro?…
a. 3
b. 4
c. 5
d. 5

23. Wangsalan kang dienggo nalika guneman saben dina diarani wangasalan…
a. Padinan
b. Kang rinacik ing ukara
c. Kang dumadi rong gatra
d. Sinawung tembang

24. ’’Balung janur,nyata sira minangka usada’’
Ukara ing dhuwur kalebu wangsalan apa?…
a. Padinan
b. Kang rinacik ing ukara
c. Kang dumadi rong gatra
d. Sinawung tembang

25. ’’Carang wreksa,wreksa wilis tanpa patra’’
’’Nora gampang,wong urip ing ngalam donya’’
Ukara ing dhuwur kalebu wangsalan apa?…
a. Padinan
b. Kang rinacik ing ukara
c. Kang dumadi rong gatra
d. Sinawung tembang

26.

Ukara ing dhuwur kalebu tembung apa?
a. Lingga
b. Andhahan
c. Candra
d. Wangsalan

27. Mungguh kang lumrah dicandra jroning tembung yaiku…
a. Anggane manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa.
b. Tegese tembung mentes lan mantesi
c. Kudu nganggo swara kang landhung
d. nggatekake paugeran-paugeran kang dicandra.

28. Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahe wandane, diarani tembung ….
a. Saroja
b. Entar
c. Garba
d. Kerata basa

29. Cacahe wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani ….
a. Guru sastra c. Guru lagu
b. Guru gatra d. Guru wilangan

30. Yen micara marang Bapak utawa Ibu becike nggunakake basa ….
a. Ngoko alus c. Krama alus
b. Ngoko lugu d. Krama lugu

31. Basa ngoko sing kacampur tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa ….
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus

32. Parikan kanthi dapukan pola 4 wanda+4 wanda(x2). Kaya ing ngisor iki jangkepana.Wajik klethik gula jawa…
a. Luwih becik sing prasaja
b. Luwih becik, bangun Negara
c. Luwih becik, sabar lan narima
d. Luwih becik, sing eling lan waspadha

33. Yen deleh barang sing ati-ati, amarga bocah iku …….
a. Dawa tangan
b. Dawa irunge
c. Dawa untune
d. Dawa gulune

34. Gandhenge swara vocal sing manggon ing mburi karo sing wis kasebut ing ngarep diarani ….
a. Purwakanthi guru swara
b. Purwakanthi guru sastra
c. Purwakanthi basa
d. Purwakanthi basa karma

35. Ing ngisor iki sing diarani ukara tanggap yaiku…
a. Indah lunga surakarta
b. Retno mlaku-mlaku nyang tunjungan
c. Ani nyapu latar
d. Bukune dituku Ani

Asmarandana
(Laras slendro pathet sanga)
5 6 1 2 2 2 2 2
En dah e sa wang an i ki
6 6 6 1 5 2 1 6 6
A las gu nung de sa de sa
6 1 1 1 6 6 1 5 6
Ke na so rot e sre nge nge
5 6 6 6 6 6 6 1 6
Ma weh ten trem pra ma nung sa
5 2 2 1 6 1 6 5
Kang sa mya nam but kar ya
5 6 1 2 2 2 2 1 6
Nye kap i ka beh e bu tuh
6 1 1 1 6 6 1 6 5
Ka ton e sem gu yu ni ra

36. Tembang ing dhuwur kalebu tembang apa?
a. Gedhe
b. Cilik
c. Macapat
d. Kreasi

37. Tembang Asmarandana ing dhuwur duwe watak kang….
a. Sarwo asih
b. galak
c. kepahlawanan
d. Keprigelan

38. Unen-unen sing kalebu puisi jawa tradisional kang isine sindhiran,lelucon kanggo panglipur lan pitutur tumrap urip bebrayan diarani…
a. Geguritan
b. Parikan
c. Cangkriman
d. Macapat

39. Salah siji ciri-cirine parikan kaya ing ngisor iki, yaiku…
a. Tegese tembung mentes lan mantesi
b. Kalebu puisi jawa tradisional
c. Nggunaake purwakanthi
d. Ora ngugemi aturan sing dienggo

40. Ing ngisor iki parikan kang kedadeyan saka 4 wanda + 4 wanda yaiku…
a. Bisa nggambang,ora bisa nyuling
Bisa nyawang,ora bisa nyandhing
b. Manuk tuhu,mencok pager
Yen sinau,dadi pinter
c. Parine,wis lemu-lemu
Atine,wia kudu nesu
d. Liwat parit,lumumpat ing pager
Dadi murid,sing sabar lan pinter.

41. Wayang gandrung kang langka
Mula bukane wayang Mbah Gandrung cumondhok ing desa Pagung,Kecamatan Semen,Kabupaten Kediri.Demang Prayasana nemokake jati kang kentir ing kali banjir banjur disigar.Jebul ing sajroning kayu jati ana wayang krucil cacah loro.Wayang banjur dijupuk lan digawa menyang kademangan.Liya wektu ditemokake maneh wayang cacah loro.Sateruse wayang papat mau dadi babone wayang liyane,saiki wayange dadi cacah patang puluh wolu.
Apa kang dadi irah-irahan wacan ing dhuwur?
a. Wayang Gandrung kang langka*
b. Mbah Gandrung kang cumondhok ing desa Pagung
c. Sajrone kayu jati ana wayang krucik cacah loro
d. Wayang dadi cacah patang puluh wolu.

42. Mbah Gandrung cumondhok ing Desa Pagung .
Tegese tembung Cumondhok ing dhuwur yaiku…
a. Mendoakan
b. Keselamatan
c. Membersihkan
d. Berada

43. Gandhenge swara(vokal)utawa sastra(konsonan) utawa wanda(suku kata)sing manggon ing mburi karo sing wis kasebut ing ngarep diarani…
a. Basa rinengga
b. Purwakanthi
c. Ukara tanduk
d. Ukara tangga

44. Ing ngisor iki sing ora kalebu jenis purwakanthi,yaiku purwakanthi…
a. Guru swara
b. Guru sastra
c. Guru basa/lumaksita
d. Guru gatra

45. Sapa sing goroh bakal growah
1) Mingkar,mingkur,mungkur
2) Sluman,slumun,slamet
Ukara ing dhuwur kalebu purwakanthi apa?
a. Guru swara
b. Guru sastra
c. Guru basa
d. Guru gatra.

SOAL LATIHAN UJIAN KENAIKAN KELAS BASA JAWA KELAS 7 SMP SEMESTER II 2013


SOAL LATIHAN UJIAN KENAIKAN KELAS BASA JAWA KELAS 7 SMP

TATA CARA KANG KELIRU
Ing jaman saiki isih ana kabiasaan uwang kang ngetotake kabiasaane leluhur nandang pangobatan. Akeh wong kang ngombe cuweran peru (empedu) kewan mentah, minangka jamu njaga kasarasane raga, utawa kanggo nambani penyakit—penyakit tartamtu. Kamangka ngombe cuweran peru kewan mau gedhe resikone kena penyakit tifus. Jalaran baksil tifus kang aran salmonella typhii akeh sing ditemokake sajroning peru, mula ora aneh yen bnjur katut mlebu menyang awaking manungsa kang ngombe, satemah kena lara tifus.
Anane baksil tifus kasebut bis uga mlebu menyang manungsa lumantar endhog mentah sing kerep diuntal apa dene sing kerep dadi campuran madu lan jamu. Gegandhengan karo bab iku dr. RHH Nelwan DSPD DTM & H ngelingake marang masyarakat kang seneng dhahar daging lan endhog bebek, prayogane dimasak mateng temenan. Mula panggodhoge endhog bebek paling ora 10 menit.
Endhog bebek iku bias kelebon baksil salmonella typhii. Baksil tifus kasebut bias mlebu ing jero endhog nalika proses dumadine endhog (reproduksi awak bebek). Sing paling akeh ditemokake ing jero peru.
Manut dr. Nelwan cuweran peru duwe ph dhuwur kang disenengi dening salmonella typhii. Kahanan kaya mengkene iki mujudake papan pandhelikane bakteri mau, saengga ora bias kabrastha. Sawalike salmonella typhii ora kuwat urip ing lingkungan sing “keasamane” dhuwur.
Sanajan bakteri tifus bisa nular lumantar endhog bebek lan cuweran peru, nanging kedadean—kedadean kurange banyu resik, sanitasi lingkungan, uga kanthi anane papan pambuangan uwuh sarta kotoran manungsa sing during nyukupi syarat kesehatan. Sebab, nulare penyakit tifus menyang wong liya liwat panganan lan omben—omben.
I. Pilihen salah siji jawaban sing bener

1. Coweran peru iku ora apik yen diombe, amarga….
a. Akeh menehi racun
b. Akeh baksil kang ditemokake
c. Akeh wong kena penyakit
d. Amarga regane larang

2. Ing sajroning empedu (cuweran peru) tinemu baksil tifus, sing jenenge….
a. Salmonella typuse
b. Salmonella tipha
c. Salmonella typhii
d. Salmolla typhi

3. Carane supaya bisa nyegah anane baksil tifus yaiku….
a. Kanthi mangan panganan mentah
b. Kanthi mangan panganan hidroponik
c. Kanthi mangan panganan mateng
d. Kanthi ngombe cuweran peru

4. Carane nyegah penyakit tifus yaiku….
a. Masak panganan luwih dhisik
b. Ngombe obat
c. Ngombe cuweran peru
d. Turu wengi

5. Cara nulare penyakit tifus yaiku….
a. Kanthi mangan panganan mateng
b. Liwat banyu reget lan panganan entah
c. Kanthi olahraga cukup
d. Kanthi adus sing resik

6. Crita gancaran sing paragane kewan kang bisa tata jalma(omong-omongan) sing isine nggambarake watak wantune manungsa diarani ….
a. Fabel
b. Sage
c. Mite
d. Dongeng lugu

7. Crita rakyat sing dianggep lucu, sarwa aneh utawa ora klebu ing nalar yaiku. . . .
a. Fable
b. Sage
c. Mite
d. Dongeng lugu

8. Crita rakyat sing gegayutan karo prastawa sejarah lan ana sambung rapete karo sawijine paraga (tokoh), asal- usule papan utawa panggonan, lan diyakini nate dumadi diarani . . .
a. Mite
b. Legenda
c. Sage
d. Dongeng

9. Jinise dongeng kaperang dadi 3 , kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba. . . .
a. Fabel
b. Sage
c. Dongeng lugu
d. Dongeng gegedhug utawa wiracarita

10. Sing arupa dongeng legendha, yaiku….
a. Perang Padri lang Kancil Nyolong Timun
b. Guwa Lawa lan Dumadine Kutha Tulungagung
c. Dumadine Kutha Banyuwangi lan Asal usule kutha Gresik
d. Timun Emas lan Joko Bodho

11. Basa ngoko kang kacampuran tembung- tembung krama inggil tumrap wong sing dijak guneman diarani basa . . . .
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus

12. Tuladhane tata krama kang becik yaiku …
a. Nggunakake unggah-ungguh basa kang trep marang wong liya
b. Ngomong dhewe karo kanca nalika guru lagi nerangake ing ngarep kelas
c. Nalika mertamu, mlebu omah langsung
d. Marang wong tuwa ora perlu basa

13. Ukara sing bener unggah-ungguhe yaiku …
a. Eyang sesuk lunga menyang Mekah
b. Bapak wis budhal menyang kantor
c. Aku wis dhahar ing omahe kancaku
d. Adhik lagi mlaku-mlaku karo kancane

14. Basa sing digunakake nalika omong marang wong sing sadrajad (sebaya) wis kulina (akrab), yaiku….
a. Ngoko lugu
b. Krama lugu
c. Ngoko alus
d. Krama alus

15. Basa sing digunakake nalika omong wong enom marang wong tuwa yaiku….
a. Ngoko lugu
b. Krama alus
c. Ngoko alus
d. Krama lugu

16. (1) Digunakake kanca padha kanca akrab
(2) Basane ngoko dicampuri krama inggil
(3) Ater-ater lan panambang dikramakake
(4) Tembung sing dikramakake : woge, panindakake, barang kaduwekane
Sing dadi ciri-cirine ngoko alus yaiku nomer….
a. 1, 3
b. 2, 4
c. 1, 4
d. 2, 3

17. “Aku dikongkon ibu tuku gula”
Yen diowahi dadi basa krama alus, yaiku….
a. Aku diutus ibu tuku gula
b. Kula diutus ibu tuku gula
c. Kula dipun utus ibu mundhut gendhis
d. Kula diutus ibu tuku gendhis

18. “Ibu tindak dhateng peken mundhut sandal”
Yen diowahi dadi basa ngoko lugu, yaiku….
a. Ibu menyang pasar tuku sandhal
b. Ibu lunga menyang pasar tuku sandhal
c. Ibu lunga menyang peken tuku sandhal
d. Ibu lunga menyang pasar tumbas sandhal

19. “Sampeyan mau bengi sinau apa?”
Yen diowahi dadi basa krama alus, yaiku….
a. Kowe mau bengi sinau apa?
b. Kowe mau bengi sinau menapa?
c. Sampeyan kala wau dalu sinau menapa?
d. Panjenengan kala wau dalu sinau menapa?

20. Aku dikongkon Ibu mangan saiki. Ukara ngoko lugu kasebut yen disalin ing basa krama alus dadi ….
a. Kula dikengken Ibu nedha sakniki
b. Kula didhawuhi Ibu dhahar sakniki
c. Kula dipunutus Ibu maem sakniki
d. Kula dipundhawuhi Ibu nedha sakniki

21. Kowe apa sida lunga menyang Mekah?. Ukara kasebut yen didadekake basa ngoko alus yaiku ….
a. Sampeyan apa sida kesah menyang Mekah?
b. Panjenengan apa sida tindak menyang Mekah?
c. Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Mekah?
d. Panjenengan punapa siyos tindak dhateng Mekah?

22. Basa krama alus prayogane digunakake kaya ing ngisor iki kajaba marang ….
a. Anak marang Bapak/Ibune
b. Putu marang Eyang/Simbahe
c. Murid marang Gurune
d. Bapak/Ibu marang anake

23. Gandhenge swara (vokal ) utawa sastra ( konsonan ) utawa wanda (suku kata) sing manggon ing mburi karo sing wis kasebut ing ngarepe diarani….
a. Pucung
b. Parikan
c. Purwakanthi
d. Paribasan

24. Anane purwakanti kaperang dadi 3, yaiku….
a. Swara, sastra, lan basa/ lumaksita
b. Gatra , basa, lan lumaksita
c. Swara, sastra, lan gatra
d. Basa, sastra, lan gatra

25. Unen-unen“Sluman,slumun,slamet ” iki kalebu purwakanthi guru….
a. Swara
b. Sastra
c. Basa/ Lumaksita
d. Gatra

26. Cermatana ukara ing kiwa iki. “Negara mawa tata, desa mawa cara ” iki kalebu purwakanthi guru….
a. Swara
b. Sastra
c. Basa/ Lumaksita
d. gatra

27. Anane endahing geguritan dumunung ing bab-bab ing ngisor iki, kajaba….
a. Pilihane tetembungan sing pantes, trep lan mantesi
b. Nggunakake wirama utawa lagune
c. Busanane basa kang maneka werna
d. Paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagune

28. Kaanan ngowahi tulisan sing sadurunge awujud geguritan dadi tulisan sing awujud prosa diarani . . . .
a. Nulis geguritan
b. Nggancarake geguritan
c. Nulis cerkak
d. Nulis tembang

Kanggo garapan no 28 tumeka 30
Siswa Cangkruk
Dening: Drs. Murasid
Delengen pinggir ratan
Wayah awan
Lali marang padatan
Geneya ra ndang bali?
Wong tuwamu ngenteni
Mboh ora weruh…ora keguh
Ngguyu cekakakan
Ra ngerti subasita
Eling…eling
Marang sesanggemanmu
Para mudha kekudangane bangsa
Bali….hayo bali
Marang warga utama
Manut ujaring agama

29. Babagan apa sing diceritaake geguritan ing dhuwur….
a. Murid kang dadi kebanggaane wong tuwa
b. Tumindhak ala murid jaman saiki
c. Para murid sing becik tumindhake
d. Rekasane dadi murid

30. Ukara ing ngisor iki sing duwe pola jejer-wasesa-lesan yaiku ….
a. Putrane Pak Bupati durung kondur
b. Pak Lurah napak astani surat
c. Pakdhe taksih kersa dhahar
d. Agemane Pak Guru anyar

31. Tyas lagi gawe unjukan. Ing ukara kasebut sing dadi lesane yaiku ….
a. Tyas c. Nggawe
b. Lagi d. Unjukan

32. Saben esuk Rehana nyirami kembang. Wasesane ukara kasebut yaiku ….
a. Saben esuk c. Nyirami
b. Rehana d. Kembang

33. Pak Dhokter mriksa bocah sing lara. Ing ukara kasebut sing dadi jejere yaiku…
a. Pak Dhokter c. Geganep
b. Mriksa d. Lesan

34. Ukara ing ngisor iki ngongkon utawa mrentah marang wong sing diajak guneman diarani ….
a. Ukara sambawa
b. Ukara agnya
c. Ukara tanduk
d. Ukara tanggap

35. Ukara sing ngandharake maksud tartamtu supaya nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane tembung diarani ….
a. Ukara sambawa c. Ukara tanduk
b. Ukara pakon d. Ukara tanggap

36. Ibu pundhutna klambi ing sakjerone lemari. Ukara kasebut kalebu ukara …
a. Ukara tanduk mawa lesan
b. Ukara tanggap tanpa lesan
c. Ukara agnya
d. Ukara sambawa

37. Apa tegese “Ora ngerti subasita”, …….
a. Tetulung
b. Tata krama
c. Tepo selira
d. Ora duwe isin

38. Anane itutur kang ana ing sajroning geguritan kasebut yaiku….
a. Manut marang wong tuwa
b. Manut karepe dhewe
c. Manut marang wong tuwa lan agama
d. Manut grubyuk

39. Bu Maimuna dodol gethuk ing pasar wayah isuk
Tembung sing dicetak miring diarani….
a. Katrangan papan lan jejer
b. Wasesa lan katrangan wayah
c. Jejer lan wasesa
d. Lesan lan katrangan papan

40. Mbah Darjo dodol tahu ing pasar wiwit jam 4 isuk supaya laris.
Ukara ing ndhuwur sing nganggo katrangan katrangan papan, katrangan wayah,lan katrangan tujuwan yaiku…
a. Lek Narto, Dodol, lan ing pasar
b. Ing pasar, wiwit jam 4 isuk, lan tahu
c. Ing pasar, wiwit jam 4, lan supaya laris
b. . Lek Narto, dodol, lan tahu

41. Cermatana ukara ing kiwa iki.Amarga aku mau durung bayaran aku kepeksa ngampil dhuwit pak puh seket ewu. Katrangan sing digunakake kanti urut yaiku ….
a. Sebab, wektu, cacah
b. Sebab, tujuwan, wektu
c. Tujuwan, wektu, cacah
d. Akibat, wektu, cacah

42. Ustad Yoyok golek pakan nganggo arit. Ukara iki nggunakake keterangan …
a. Kahanan
b. Tujuwan
c. Sebab
d. Piranti

43. Nalika ana ukara sing isine ngongkon utawa mrentah marang wong sing dijak guneman diarani.. . . . . .
a. Ukara sambawa
b. ukara tanduk
c. Ukara agnya
d. ukara tanggap

44. Anane ukara sing ngandharake maksud tartamtu supaya nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane tembung diarani. . . .
a. Ukara pakon
b. ukara tanduk
c. Ukara sambawa
d. ukara tanggap

45. Budhala mau-mau, aku ora kudanan!
Ukara kasebut kalebu ukara. . . .
a. ukara tanduk tanpa lesan c. Ukara sambawa
b. ukara tanggap d. Ukara Agnya

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.